CAMPUR-CAMPUR SARI

alun2 nganjuk
Lunga tak anti - anti kapan nggonmu bali
Mecak’e endahing wengi kutha Nganjuk iki
Sumilir angin wates nggugah kangene ati
Apa kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni

Ning alun - alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondheli

Lali tenan to dhik nggonmu janji - janji ?
Disekseni lampu alun - alun iki
Lali tenan to dhik karo aku iki ?
Ning terminal stasiun nggonku nggoleki


Sido Rondo
Artis (Band): Helen A., Sodiq (Monata) / Cak Diqin

Biyen mulo sliramu wis tak aturi (aturi nopo to mas?)
Golek bojo sing sugih welas sejati
Pungkasane sliramu di gawe loro
Ora wurung saiki wis dadi rondo
Nanging piye mas
kabeh iki wis kebacut
ibarat bubur ra bakal dadi sego
Mulo getunku iki tanpa upomo
Ngerti ngono mas..
lamaranmu sing tak tompo
Kabeh iki ora perlu mbok getuni (o ya ya?)
Janjiku biyen aku sanggup ngenteni
Kowe lan aku mugo dadi jodone
Ra keno prawane tak enteni.. rondone!
(Ra nyesel mas?)
Ora nyongko mas..
sampeyan sabar ngenteni
Ing nyatane tresnomu
tulus lan suci
Sing tak suwun sing gede pangapurone
Adhum tresno bebojoan selawase
[ulangi dari awal]
Adhum tresno bebojoan selawase [3X]

0 komentar:

Posting Komentar

silahkan isi komentar